Minggu, 20 Juli 2014

ajaran gawe drama jaman SMA


NURHAYATI
(XII IPS1)
PARAGA
Hafida K.J                    :  Ibu warung
Hilda N.L                     :  Mbak Sinta
Kingkin P.                    :  Nurhayati
Millatina U.                 :  Simbok
Puji Rahayu                 :  Wati
Sri Kali Darayani         :  Mbak Nela

            Wis dadi sifate manungsa yen ora tau puas karo opo wae kang wis diparingi dening Gusti Allah. Kayata Nurhayati kang uripe sedeng-sedeng mlarat...
Nurhayati        : (karo ngumbahi) “Eladalaahhh.. urip kok serba susah. Opo-opo larang, opo-opo   mbayar. Mung arep.. hehe nuwun sewu (madhep penonton) nguyoh we mbayar?!! masyaAllah, jaman edan !. Kapan uripku mulya ya?? ..”  (nrawang)
Wati                : “Mbok rasah nggrundel  to  Nur, kabeh mau wis ginaris. Awak dewe tinggal nglakoni kanthi ikhlas lan sabar. Yo ra?” (karo ngacung-ngacungke kumbahane)
Nurhayati        : “Alaah Wat, mung nglakoni tok ki yo ra bakal kasil. Hmmm piye yo?? Aha?!! Aku nduwe ide!” (bungah)
Wati                : “Meh ngopo to koe? sajak penting banget.” (nggletakke kumbahane ndelokke Nurhayati)
Nurhayati        : “Aku meh menyang Jakarta?!!” (ngadeg mantep)
Wati                : “Opo ??? (madhep penonton) ra sah aeng-aeng to Nur,”
Nurhayati        : “Tenanan iki Wat, koe meh melu??”
Wati                : “Ogah ah. Males beut.. cen setres kok kowe”
Nurhayati        : “So what.. kumbahanmu i lo wat keli . hahahaha”
Wati                : “Waaaa . kumbahanku.. !!! “ (jerit)
            Kepiye, opo Nurhayati bakal menyang Jakarta ?? monggo disimak sawise iklan iki .. (musik)
Simbok            :”Tobat.. tobat, Nduwe anak siji mbedhute na’udzubillah. Nur, Nur!! Nang ndi to kowe   wuk ..(celingak-celinguk goleki si Nur) Pitike wis mbok pakani durung?? Nang ndi to cah iki ?? gaweane mung dolan madang , dolan madang. Jaaann ngentek-ngentekke sego! Eh eh gek-gek  jangane wis entek (mbuka tudung) la to tenan!! (madhep penonton). Ehhh kosik-kosik, opo iki?? (njupuk surat, diwaca)
            Simbok .. iki Nur, Mbok.. yen Simbok  wis maca surat iki berarti aku wis ora nang kene maneh. Simbok, aku lunga nang Jakarta golek duwit. Aku pengen urip mulya. Simbok aku njaluk ngapura ora pamit langsung karo Simbok. Aku pengen ora ngrepoti simbok, aku sadar yen uripku ki mung gawe Simbok susah. Gaweane mung dolan lan ngentek-ngentekke sego, gawe jengkel Simbok. Sorry yo Mbok..
Simbok                        : “ya Allah.. koe ojo lunga to Wuk.. Simbok karo sopo??” (nangis)
            Simbok ojo nangis, ora usah kuwatir.. aku bakal bali nggo duwit akeh Mbok. Bakal gawe bungah atine Simbok. Mbok, Nur njaluk ngapura ya.. nyuwun pendongane,
Simbok                        : “Ennuuurrr!!!!” (jerit)
NB : Mbok, pitike wis tak pakani, ojo kuwatir. Nanging aku njaluk ngapura pitike tak dol nggo sangu nang Jakarta.
                                                                        Anakmu,
                                                                        Nurhayati
Simbok            : “Opo??? (madhep penonton) pitikku!!!!” (jerit)
            Hmmm konyol. Kepiye kelanjutane?? Opo Nurhayati isa tekan Jakarta?? Sugeng midhangetake.. (musik)
Nurhayati          : “Ya Allah, panase puooll. Iki yo sing jenenge Jakarta?? Sumpek tenan yo.. walaah (karo mlaku) daerah ngendi yo iki?? Takon ah.. “ (ngampiri mbak-mbak)
Mbak Sinta       : “Walah akehe sing ngelike statusku.. cen nek gek galau ki paling enak pesbukan. Yora?? (madhep penonton)
Nurhayati          : “Nyuwun sewu, Mbak?” (diulungi duwit sewu) . lho? Nyuwun sewu, mbak.. (diulungi duwit sewu,bingung). Nyuwun sewu, Mbak..??
Mbak Sinta       :” Kok nyuwan-nyuwun terus to??? Jaann” (nesu)
Nurhayati          : “Lho?? Mboten Mbak, mboten badhe nyuwun priksa..” (glagepan)
Mbak Sinta       : “Ealaaah.. ngomong to yo, Nuwun sewu.. ora nyuwun sewu. Piye, meh takon opo??”
Nurhayati          : ”Nyuwun ngapunten Mbak, menika Jakarta nggih?? Mbake tiyang Jawi nggih kok saged basa Jawi?? Waahh “ (bungah)
Mbak Sinta       : “Hellooo??? (nada ngenyek) iki Semarang, dudu Jakarta. Jelaslah aku isa basa Jawa. Aku wong kene kok, hahaha tangi.. tangi!!”
Nurhayati          : “opo???? Semarang??? Ya Allaaah” (semaput)
            Tragis. Nurhayati semaput nang Semarang, dudu nang Jakarta.. piye kelanjutane?? Ayo disimak bareng-bareng.. (music)
Mbak Sinta      : (Nyiprat-nyipratke banyu) “kok malah ngene to??” (bingung)
Nurhayati        : (melek) “Hmmm aku nang ndi?”
Mbak Sinta      : “Kowe nang Semarang nduk..”
Nurhayati        : “Semm..aah” (semaput maneh)
Mbak Sinta      : “Eh Eh ojo semaput eneh!!!” (gondeli wetenge si Nur)
Nurhayati        : “ahahaha ojo dimek wetenge to keri i lo. Hahaha” (guyu)
Mbak Sinta      : “elaa rasido semaput.. haha. Ngelih to.. golek pangan yo??” (gandeng tangane )
Sinta ngejak si Nur golek pangan, kepiye kelanjutane??? Kepiye nasibe Nurhayati?? Sugeng midhangetake.. (music)
Nurhayati        : ”eehh . mmm”
Mbak Sinta      : “Sinta.. aku Sinta, kowe?” (ngulungke tangan)
Nurhayati         : (salaman) “Aku Nurhayati.. ehh Mbak Sinta, mmm piye yo le ngomong?? Aku ngelih.. tapi ra ndue duwit..”
Mbak Sinta    : ”halah. Sante to.. Bu,,, Sarimi kalih bu..”
Ibu warung    : ”Sing jumbo nopo biasa Mbak?? Wonten mie anyaran niki.. isi kalih,”
Nurhayati       : (nyekeli wetenge)
Mbak Sinta    : “Jumbo bu.. kalih the anget nggih..”
Nurhayati       : ”Matur nuwun yo .. “ (mesem)
Mbak Sinta    : “Iyoo.. pesbukan ah. “ (mbuka hape)
Nurhayati       : “Pesbukmu opo e?”
Mbak Sinta    : “Cinta Benci Disakiti, kowe?”
Nurhayati       : (kaget) “opo?? Walaaahh. Cah Ungaran to? Senengane gratisan”
Mbak Sinta    : “Kok ngerti kowe??” (bingung)
Nurhayati       : “Iyolaahh .. aku Cahaya Hati Terang Benderang. hahaha”
Mbak Sinta    : “Ya Allah.. Dunia memang seperti daun Kelor.. Cupet”
Ibu Warung    : “Monggo-monggo mbak.. sarimine..” (ngulungke sarimi)
Nurhayati       : “Loro!! Sarimi isi lorooo… “ (nyanyi)
Mbak Sinta    : “Hahaha Jaannn.. suarane manteepp tenann!!!”
Ibu Warung    : “Like this yo.. dadi artis wae mbake,”
Nurhayati       : “aah penghinaan !!”
Seru to?? Kepiye kelanjutane? Opo mung tekan kene ceritane?? (music)
Mbak Nela     : “ Nyuwun ngapunten,” (nyapa Sinta karo Nur)
Nurhayati       : “Nggih.. kepripun??”
Mbak Nela     :”Kula Nela.. Produser  Sehat Sentosa TV. Mbak menika ingkang kala wau nyanyi sarimi??” (nakoni Nur”
Nurhayati       : “He?? Sarimi?? Sarimi isi kalih?? Hanggih , pripun to mbak?? Kula ajeng ditangkap?? Salah kula napa to mbak? Ampun Mbak.. kula mangane kathah..” (melas)
Mbak Nela     : “ Nggih mbak.. njenengan ajeng kulo tangkap. (serius) tak dadosaken bintang iklan sarimi, purun??? Hahaha”
Nurhayati       : “Ampun guyon to mbake niku..”
Mbak Nela     : “Saestu … niki kartu nami kula.. ampun disia-siake.. niki kesempatan langka” (karo ngulungke kartu nama)
Mbak sinta     : ”Ehh tenanan iki Nur!!kowe bakalan dadi artis nduk .. “ (melu seneng)
Mbak Nela     : “Sesuk minggu melu aku casting nang Jakarta”
Nurhayati       : “alhamdulillaahhh.. Simbok.. aku menyang Jakarta,,”
           Piye akhire cerita iki?? Opo Nurhayati tenanan bakal dadi artis?? Ayo disimak .. (music)
Simbok           : ” Nurr.. nang ndi to kowe nduk, kok ora bali-bali..” (nangis)
Nurhayati       : “Simboookkkk!!!! (jerit) aku bali mbok!!!” (mlayu)
Simbok         : (noleh) “Enuurr.. Enurrr!!! (ngadeg, ngrangkul Nurhayati) Nang ndi wae koe nduk.. Simbok goleki nang ngendi-ngendi..”
Nurhayati     : “simbokk.. Aku njaluk ngapura lunga ra pamit.. mbok saiki aku wes ndue duit mbok.. aku bakal nggawe bungah atine simbok, simbok ora sah kerjo maneh yo??” (nangis)
Simbok         : ” ealah nduk.. koe entuk kerjo opo? Dewe meh mangan opo nek simbok ora kerja??”
Nurhayati     : ” aku dadi artis iklan mbok.. hehe . iki pitike tak balekke mbok.. kae nang kandang wis tak isi 20 pitike. Sorry yo mbok..” (ngulungke pitik)
Simbok         : “pitikku.. (nampa pitik) ora popo nduk.. sik penting pitike wis mbalik” (ngelus-elus pitik)
Nurhayati     : (madhep penonton, bingung)
Nurhayati Akhire bali nang gubuge, urip bareng simbok lan pitik-pitike. Saiki si Nur wis dadi artis terkenal. Artis iklan Sarimi isi loro. Nuwun (Musik)

RAMPUNG

naskah : Hafida K.J