NURHAYATI
(XII
IPS1)
PARAGA
Hafida K.J : Ibu warung
Hilda N.L : Mbak Sinta
Kingkin P. : Nurhayati
Millatina U. : Simbok
Puji Rahayu : Wati
Sri Kali Darayani : Mbak Nela
Wis
dadi sifate manungsa yen ora tau puas karo opo wae kang wis diparingi dening
Gusti Allah. Kayata Nurhayati kang uripe sedeng-sedeng mlarat...
Nurhayati : (karo ngumbahi) “Eladalaahhh.. urip kok
serba susah. Opo-opo larang, opo-opo
mbayar. Mung arep.. hehe nuwun sewu (madhep penonton) nguyoh we
mbayar?!! masyaAllah, jaman edan !. Kapan uripku mulya ya?? ..” (nrawang)
Wati : “Mbok rasah nggrundel to
Nur, kabeh mau wis ginaris. Awak dewe tinggal nglakoni kanthi ikhlas lan
sabar. Yo ra?” (karo ngacung-ngacungke kumbahane)
Nurhayati : “Alaah Wat, mung nglakoni tok ki yo ra
bakal kasil. Hmmm piye yo?? Aha?!! Aku nduwe ide!” (bungah)
Wati : “Meh ngopo to koe? sajak
penting banget.” (nggletakke kumbahane ndelokke Nurhayati)
Nurhayati : “Aku meh menyang Jakarta?!!” (ngadeg
mantep)
Wati : “Opo ??? (madhep penonton) ra
sah aeng-aeng to Nur,”
Nurhayati : “Tenanan iki Wat, koe meh melu??”
Wati : “Ogah ah. Males beut.. cen
setres kok kowe”
Nurhayati : “So what.. kumbahanmu i lo wat keli .
hahahaha”
Wati : “Waaaa . kumbahanku.. !!! “
(jerit)
Kepiye, opo Nurhayati bakal menyang
Jakarta ?? monggo disimak sawise iklan iki .. (musik)
Simbok :”Tobat.. tobat, Nduwe anak siji
mbedhute na’udzubillah. Nur, Nur!! Nang ndi to kowe
wuk ..(celingak-celinguk goleki si Nur) Pitike wis mbok pakani
durung?? Nang ndi to cah iki ?? gaweane mung dolan madang , dolan madang.
Jaaann ngentek-ngentekke sego! Eh eh gek-gek
jangane wis entek (mbuka tudung) la to tenan!! (madhep penonton). Ehhh
kosik-kosik, opo iki?? (njupuk surat, diwaca)
Simbok .. iki Nur, Mbok.. yen Simbok wis maca surat iki berarti aku wis ora nang
kene maneh. Simbok, aku lunga nang Jakarta golek duwit. Aku pengen urip mulya.
Simbok aku njaluk ngapura ora pamit langsung karo Simbok. Aku pengen ora
ngrepoti simbok, aku sadar yen uripku ki mung gawe Simbok susah. Gaweane mung
dolan lan ngentek-ngentekke sego, gawe jengkel Simbok. Sorry yo Mbok..
Simbok : “ya Allah.. koe ojo
lunga to Wuk.. Simbok karo sopo??” (nangis)
Simbok ojo nangis, ora usah kuwatir.. aku
bakal bali nggo duwit akeh Mbok. Bakal gawe bungah atine Simbok. Mbok, Nur
njaluk ngapura ya.. nyuwun pendongane,
Simbok : “Ennuuurrr!!!!”
(jerit)
NB : Mbok,
pitike wis tak pakani, ojo kuwatir. Nanging aku njaluk ngapura pitike tak dol
nggo sangu nang Jakarta.
Anakmu,
Nurhayati
Simbok : “Opo??? (madhep penonton) pitikku!!!!” (jerit)
Hmmm konyol. Kepiye
kelanjutane?? Opo Nurhayati isa tekan Jakarta?? Sugeng midhangetake.. (musik)
Nurhayati : “Ya Allah, panase puooll. Iki yo
sing jenenge Jakarta?? Sumpek tenan yo.. walaah (karo mlaku) daerah ngendi yo
iki?? Takon ah.. “ (ngampiri mbak-mbak)
Mbak Sinta : “Walah akehe sing ngelike statusku..
cen nek gek galau ki paling enak pesbukan. Yora?? (madhep penonton)
Nurhayati : “Nyuwun sewu, Mbak?” (diulungi duwit
sewu) . lho? Nyuwun sewu, mbak.. (diulungi duwit sewu,bingung). Nyuwun sewu,
Mbak..??
Mbak Sinta :” Kok nyuwan-nyuwun terus to??? Jaann”
(nesu)
Nurhayati : “Lho?? Mboten Mbak, mboten badhe
nyuwun priksa..” (glagepan)
Mbak Sinta : “Ealaaah.. ngomong to yo, Nuwun sewu..
ora nyuwun sewu. Piye, meh takon opo??”
Nurhayati : ”Nyuwun ngapunten Mbak, menika
Jakarta nggih?? Mbake tiyang Jawi nggih kok saged basa Jawi?? Waahh “ (bungah)
Mbak Sinta : “Hellooo??? (nada ngenyek) iki Semarang,
dudu Jakarta. Jelaslah aku isa basa Jawa. Aku wong kene kok, hahaha tangi..
tangi!!”
Nurhayati : “opo???? Semarang??? Ya Allaaah”
(semaput)
Tragis. Nurhayati
semaput nang Semarang, dudu nang Jakarta.. piye kelanjutane?? Ayo disimak
bareng-bareng.. (music)
Mbak Sinta :
(Nyiprat-nyipratke banyu) “kok malah ngene to??” (bingung)
Nurhayati : (melek) “Hmmm
aku nang ndi?”
Mbak Sinta : “Kowe nang
Semarang nduk..”
Nurhayati : “Semm..aah”
(semaput maneh)
Mbak Sinta : “Eh Eh ojo
semaput eneh!!!” (gondeli wetenge si Nur)
Nurhayati : “ahahaha ojo
dimek wetenge to keri i lo. Hahaha” (guyu)
Mbak Sinta : “elaa rasido
semaput.. haha. Ngelih to.. golek pangan yo??” (gandeng tangane )
Sinta ngejak si Nur golek pangan, kepiye
kelanjutane??? Kepiye nasibe Nurhayati?? Sugeng midhangetake.. (music)
Nurhayati : ”eehh . mmm”
Mbak Sinta : “Sinta.. aku
Sinta, kowe?” (ngulungke tangan)
Nurhayati :
(salaman) “Aku Nurhayati.. ehh Mbak Sinta, mmm piye yo le ngomong?? Aku
ngelih.. tapi ra ndue duwit..”
Mbak Sinta : ”halah. Sante to.. Bu,,, Sarimi kalih
bu..”
Ibu warung : ”Sing jumbo nopo biasa Mbak?? Wonten mie
anyaran niki.. isi kalih,”
Nurhayati : (nyekeli wetenge)
Mbak Sinta : “Jumbo bu.. kalih the anget nggih..”
Nurhayati : ”Matur nuwun yo .. “ (mesem)
Mbak Sinta : “Iyoo.. pesbukan ah. “ (mbuka hape)
Nurhayati : “Pesbukmu opo e?”
Mbak Sinta : “Cinta Benci Disakiti, kowe?”
Nurhayati : (kaget) “opo?? Walaaahh. Cah Ungaran
to? Senengane gratisan”
Mbak Sinta : “Kok ngerti kowe??” (bingung)
Nurhayati : “Iyolaahh .. aku Cahaya Hati Terang
Benderang. hahaha”
Mbak Sinta : “Ya Allah.. Dunia memang seperti daun
Kelor.. Cupet”
Ibu Warung : “Monggo-monggo mbak.. sarimine..”
(ngulungke sarimi)
Nurhayati : “Loro!! Sarimi isi lorooo… “ (nyanyi)
Mbak Sinta : “Hahaha Jaannn.. suarane manteepp
tenann!!!”
Ibu Warung : “Like this yo.. dadi artis wae mbake,”
Nurhayati : “aah penghinaan !!”
Seru to?? Kepiye kelanjutane?
Opo mung tekan kene ceritane?? (music)
Mbak Nela : “ Nyuwun ngapunten,” (nyapa Sinta karo Nur)
Nurhayati : “Nggih.. kepripun??”
Mbak Nela :”Kula Nela.. Produser Sehat Sentosa TV. Mbak menika ingkang kala
wau nyanyi sarimi??” (nakoni Nur”
Nurhayati : “He?? Sarimi?? Sarimi isi kalih??
Hanggih , pripun to mbak?? Kula ajeng ditangkap?? Salah kula napa to mbak?
Ampun Mbak.. kula mangane kathah..” (melas)
Mbak Nela : “ Nggih mbak.. njenengan ajeng kulo
tangkap. (serius) tak dadosaken bintang iklan sarimi, purun??? Hahaha”
Nurhayati : “Ampun guyon to mbake niku..”
Mbak Nela : “Saestu … niki kartu nami kula.. ampun
disia-siake.. niki kesempatan langka” (karo ngulungke kartu nama)
Mbak sinta : ”Ehh tenanan iki Nur!!kowe bakalan dadi
artis nduk .. “ (melu seneng)
Mbak Nela : “Sesuk minggu melu aku casting nang
Jakarta”
Nurhayati : “alhamdulillaahhh.. Simbok.. aku menyang
Jakarta,,”
Piye akhire cerita iki?? Opo Nurhayati tenanan bakal dadi
artis?? Ayo disimak .. (music)
Simbok : ” Nurr.. nang ndi to kowe nduk, kok ora bali-bali..”
(nangis)
Nurhayati : “Simboookkkk!!!! (jerit) aku bali
mbok!!!” (mlayu)
Simbok : (noleh) “Enuurr.. Enurrr!!! (ngadeg, ngrangkul Nurhayati)
Nang ndi wae koe nduk.. Simbok goleki nang ngendi-ngendi..”
Nurhayati : “simbokk.. Aku njaluk ngapura lunga ra
pamit.. mbok saiki aku wes ndue duit mbok.. aku bakal nggawe bungah atine
simbok, simbok ora sah kerjo maneh yo??” (nangis)
Simbok : ” ealah nduk.. koe entuk kerjo opo? Dewe meh mangan opo
nek simbok ora kerja??”
Nurhayati : ” aku dadi artis iklan mbok.. hehe . iki
pitike tak balekke mbok.. kae nang kandang wis tak isi 20 pitike. Sorry yo
mbok..” (ngulungke pitik)
Simbok : “pitikku.. (nampa pitik) ora popo nduk.. sik penting pitike
wis mbalik” (ngelus-elus pitik)
Nurhayati : (madhep penonton, bingung)
Nurhayati Akhire bali nang
gubuge, urip bareng simbok lan pitik-pitike. Saiki si Nur wis dadi artis
terkenal. Artis iklan Sarimi isi loro. Nuwun (Musik)
RAMPUNG
naskah : Hafida K.J